.:HFTCENTER:. Friday, 2017-08-18, 11:46 AM
Welcome Guest | RSS
All Operator

Marketing Support

Calendar
«  May 2009  »
SuMoTuWeThFrSa
     12
3456789
10111213141516
17181920212223
24252627282930
31

Main » 2009 » May » 2 » PITUTUR BECIK
10:21 AM
PITUTUR BECIK
PITUTUR BECIK


1.      Yen kepengin nglungguhi pangkat kang dhuwur luwih prayoga yen dikawiti saka kalungguhane kang endhek dewe. Kawit klawan mengkono ing tembe siro ora disepeleake dening bawahanmu, lan kang utama yaiku sira nuli bisa nglungguhi ing kawicaksanan, adoh saka watak deksura, ananing mung sarwo kebak tepa selira.

2.           Aja ndarbeni pepenginan dadi wong kang luwih kang ngandhut idham-idhaman supaya sarembuge diendel wong akeh. Luwih prayoga tansah njaga bae marang rembukira kanthi becik, petitis lan maedahi. Karo maneh tindak-tanduk kang ngresepake, luwih-luwih kang bisa aweh paedah marang wong liya iku ajine ngungkuli sakehing pitutur kang ndakik-ndakik nanging kang durung kebukten ananing panindak. Mula kuwi tansah udinen amrih wetuning rembug tansah keplok lumah kurep karo tindake.

3.          Aja gething marang apa kang kok duweni. Aja nyawang remeh marang apa kang kok duweni. Aja wedi yen sing mbok duweni bakal nggawa susahmu. Sing mbok duweni mujudake marganing marang kahanan kang apik.

4.          Prawiraning wong prawira iku ora kaya wong kang bisa ngasorake hawa nafsune awit hawa nafsu iku kang dadi sumber sakabehing memala, bisa ngrusak jagad yen kapinujan kesinungan panguwasa sarta bisa nuwuhake kasengsarane urip semangsa kelangan prikamanungsane.

5.          Kaprawiran lan kapitayan dhiri mono pancen wigati. Pindhane prajurit kang maju perang iku, senajan senjatane mbrabat lan pepak, yen tanpa nduweni kaprawiran lan kapitayan dhiri genah ora bakal bisa ngempakake gamane kanthi tumama. Semono uga ing setengahe bebrayan. Yen wong ora kadunungan watak prawira lan pitaya marang dhiri pribadi satemah kepinteran kang diduweni ora bakal bisa dipigunakake klawan samesthine. Bisane mung nunak-nunuk ora beda karo tumindake wong calaina kang njaluk dituntun pitulunge liyan.

6.         Wong pinter kang ora kekanthenan ing kautaman iku ora beda karo wong wuta nggawa obor ing wayah wengi. Madhangi wong liya nanging dhweke lakune kesasar-sasar. Kapinteran kang mangkene iki kang dicakake ing madyaning bebrayan bakal nuwuhake kapitunan, pikolehe malah mung wujud kasangsaran lan karusakan.

7.           Sing nyebabake wong ngrasa tansah ora cukup yaiku amarga dheweke nggunakake pathokan barang-barang lan kahanan iku tansah owah gingsir miturut sebab lan kedadeyan, mula wong bakal ngrasa tansah kurang.

8.  Sapa bae kang rumangsa dadi pemimpin, mbudidoyoa amri sakabehing pangucap lan tandang grayangmu tansah bisoa jumbuh nyawiji. Jumbuhing pangucap lan tandang iku perlu, jalaran kedhale lisanmu kang wus kadhung kawetu kudu bisa digugu, kang jangkahmu kang wus kadhung lumaku kudu bisa ditiru. Yen ora mengkono jeneh kaya wong wuta kang nggawa obor.

9.     Aja tansah kepengin diemong, nanging kepara bisoa dadi pamong menawa kowe kepingin tansah bisa gawe reseping pasrawungan. Lire kabeh mitaramu gawenen seneng atine, sarana aweh pitulungan lan bantuan sak kuwasamu yen ana sing nandhang reribet.Wondene yen ora kuwagang, aran wis prayoga yen kowe ora gawe seriking liyan.

10.     Wong kang tansah nduwe watak njaluk diemong dening kabeh kanca tetepungane iku, adate sak ucap tindake tansah njaluk dibenerake. Yen ana wong liya kang cengkah karo panemune, gedhene ngluputake, mesti disatroni. Wong kang tansah njaluk benere dhewe iku karan durung dewasa, ora beda karo bocah cilik. Aran utama yen sira tansah bisa ngemong sakabehing mitra karuhmu.

11. Panandhang kaya dene kegagalan, bisa dadi anugerah utawa musibah. Yen panandhang ditampa kanggo sawijining kekuatan tanpa rasa gething lan nesu, mula panandhang bisa dadi anugerah kang gedhe.

12.    Sakabehing gegayuhan lan pakaryan mesthi bisa kasembadan yen ditangani kanthi anteping tekad. Dene tekad mono ngemu telung perkara, yaiku anteping ati, lan kencenge pikir sing laras karo bobote kekuatan.

13. Aja ngaya lan keladuk anggonmu nenumpuk bandha lan kasugihan. Kawruhana menawa bandha lan kasugihan mono pindhane banyu segara, yen diombe ora njalari mari ngelak. Saya akeh anggone ngombe, kepara saya wuwuh ngelake. Yen diuja terus bakal nekakake bilahi.

14.    Yen sira dipasrahi kuwajiban dening wong liya, tindakna kanthi tememen kaya pangarep arep yen kowe masrahi kewajiban marang wong liya. Semono ugo yen sira lumuh dilarani atimu, mesthine kowe dhewe ya kudu lumuh natoni atining liyan. Kabeh iku dhasare ora ana liya ya mung kudu bisa tepa selira.

15.      Aja sok nyenyamah luputing liyan, luwih becik tuduhna kaluputane kang malah bisa ngrumaketake rasa paseduluran. Ewa semono aja nganti kowe kesusu mbecikake kaluputane liyan yen awakmu dhewe rumangsa sawijining wong kang wis ngerti marang jejering manungsa, manungsa kang utama.

 
Alang Alang kumitir
Views: 1118 | Added by: hftcenter | Rating: 1.0/2
Total comments: 0
Name *:
Email *:
Code *:
HFT Page Rank

Info Center

Copyright MyCorp © 2017Make a free website with uCoz