ISLAM
Satemene
Rukun Iman iku wis ono sajerone Rukun Islam, dadi satemene kang kudu di
Imani iku Rukun Islam netepi anane Rukun. Iman, iman marang Alloh,
Kitab-e, Rosul-e, Malaikat-e, Dino Wekasan (Kiamat), Qodlo lan Qodar (
Takdir lan Nasib ), kudu biso kawedar ono sajerone lakune Urip anggone
.mapakake anane Syahadat-e, Sholat-e, Poso-ne, Zakat-e lan Haji-ne,
dadi Rukun Iman iku dadi dasar anane Rukun Islam.
1. Iman marang Alloh swt.
Iman
marang anane Alloh ora amung sadermo nurut anane tembung jare, kudu
biso ngudi dewe dununge Alloh, soko anane Syahadate, yen ngucap anane
saksi kudu ngerti ope kang dadi wajib dedege manungso kang diangkat
dadi Saksi, weruh dewe ope kang disakseni.
2. Iman marang Kitab-kitab Alloh.
Iman
marang Kitab, ora sadermo biso moco lan ngerti terjemahane , kudu biso
mawas kang tersurat utowo kang tersirat lan biso mapakake ono Uripe
sarto , ngerteni opo kang dimaksud Pangeran nganti ngudunake /
jarwakake tuntunan mau, koyo anane blegere Manungso Urip ono Jagad Royo
iki, sabab opo kang dadi isine Kitab Al Qur’an Nul Karim mau yo anane
isine Jagad Royo iki, sarine dadi Surat Al Fatikah yo anane wujud
Manungso sarine Jagad Royo, dadi yen ngaku dedegi Umat Islam tuntunan
soko Kanjeng Nabi Muhammad saw, yo kudu gelem ngakoni anane umat liyane
kang isih netepi Urip sake anane laku Kitab kang luwih awal, koyo to
yen isih ono Umat kang laku uripe netepi Tatanan Slamet sadurunge
Kanjeng Nabi Daud as, utowo umate Kanjeng Nabi Daud as, mowo Kitab
Jabur, umate Kanjeng Nabi Musa as, mowo Kitab Taurot, umate Kanjeng
Nabi Isa as, mowo Kitab Injil, kabeh umat ing ngarsane Pangeran nyuwun
anane ke-Slametan-e Urip yo anane Islam, Koyo anane umate Kanjeng Nabi
Muhammad saw, Kang ke- Islam-anne wus kasampurnakake dene Pangeran,
dadi kang kasebut Islam mau anane Umat anggone madep marang Pangerane
nyuwun keslametan Uripe, biso kaperang netepi anane Ibadah, Sembahyang
tan Sholat katerangake koyo ing ngisor iki :
a.
Ibadah, anane Umat madep marang Pangeran sako anane Perilaku kang
katindakake saben dinane, koyo wektu Umate Kanjeng Nabi Adam as, nganti
satekane Umaate Kanjeng Nabi Daud as, koyo ucape para sesepuh biyen ”
Ojo mlaku saliyane tindak kang becik ” , yoiku anane Ibadah.
b.
Sembahyang, anane Umat madep marang Pangeran soko anane Perilaku lan
Ucapan (omongan) kang katindakake saben dinane, koyo wektu Umate
Kanjeng Nabi Daud as, nganti satekane Umate Kanjeng Nabi Muhammad saw,
koyo ucape sesepuh biyen ” Ojo among - ngucap saliyane tembung kang
apik ” , yo iku anane sembanyang.
c.
Sholat, anane Umat madep marang Pangeran soko anane Perilaku, Ucapan
lan Angen-angen kang katindakake saben dinane nyuwun anane keslametan
Dunyo Akhirate, koyo ucape sesepuh biyen ” Ojo duwe angen - angen
saliyane angen¬-angen kang becik ” , yoiku anane Sholat.
Dadi
anane Umat madep marang Pangeran netepi Agomone kabagi anane soko
tindak laku saben dinane ono 3 (telu) perkoro koyo ing ngisor iki :
1. Ibadah, yo Tingkahlaku dadi dasar Sembahyang ;
2. Sembahyang, yo anane Ucapan (omongan) dadi dasar Sholat;
3. Sholat, yo anane Angen-angen, jejege sake anane Sembahyang lan Ibadah.
Iman marang Kitabe Pangeran iku ono:
a.
Kitab kang tinulis yo anane Kitab Garing, koyo to Kitab Jabur, Kitab
Taurot, Kitab Injil, Kitab AI Qur’an Nul Karim lan sapanunggalane.
b. Kitab kang tersirat yo anane Kitab Teles, wujud sake maknane Badan saujud kite.
3. Iman marang Rosul.
Iman marang Rosul ing kono koyo iman marang Kitab :
a. Kang Garing, yo anane Kitab-kitab kang tinulis netepi ope anane lumrahe Urip, koyo kang wis kacaritakake ono sajerone Kitabe.
b.
Kang Teles, ngerti anane Rosul iku sajatine Roso, sake anane Roso
Rasane Urip Pangeran kang katitipake ,marang Umate, kanggo ngudi Jati
Diri yo anane dedeg piadege Manungso manunggal marang Roso Urip, yo
anane Roso soko Pangeran lan Umate, mengko ono beberane dewe.
4. Iman marang Malaikat.
Iman
marang Malaikat, satemene kudu mangerteni yen Urip ing Jagad Royo iki
ora dewe, ning akeh kang podo melu urip koyo bangsane lelembut kang
pancen nyoto ono, bebarengan anane Pangeran anggone mujudake manungso,
kanggo nguji imane manungso dewe-dewe, yen nganti kaliru bakal melu ono
uripe lelembut mau, urip ono sajerone Alam Penasaran.
5. Iman marang Jaman Akhir.
Iman
marang Dino Akhir yo Dino Pesti, yo anane Dino Wekasan, nyoto yen
Manungso iku Urip ono Jagad Royo iki amung sadermo mampir ngombe
disilihi Sandangan / Pangganggo, kudu ngerti ope kang dadi Wajibe Urip,
Sunahe Urip, Makruhe Urip lan Larangan/Pantangan kanggo njejegi anane
Urip kang Sampurno, iki wus ono sajerone Rukun Islam.
6. Iman marang Qodlo laD Qodar
Iman
marang Qodlo lan Qodar, kudu mangerteni yen Uripe Manungso iku
katulisake ono sajerone Kitab kang nyoto, Qodlo iku katulis ono
sajerone Takdir Urip yo anane Tuntunane Urip ono Jagad Royo, sapo kang
biso netepi anane Takdir Uripe bakal nemu Mulyo Dunyo - Akhirate, Qodar
iku katulis ono sajerone Nasib Urip, jarwane opo kang dialami ono
sajerone Uripe, iku wujud soko tindak - laku kang katindakake wus adoh
soko anane Tuntunane Urip kang samestine, nyatane yen arep ono opo-opo
Pangeran mesti maringi tondo luwih disik, dadi sing Eling biso netepi
Takdire, yen Lali yo ono sajerone Nasibe.
Maknane
Syahadat, yen karasakake ono sajerone netepi Wajibe Urip kang kudu
dilakoni krona Alloh, ono sajerone urip ing Alam Dunyo, yen biso
kabeberake iku kiro¬kiro koyo ing ngisor iki :
a. Urip iku umpamane 100% (satus persen) kuwajiban soko Alloh;
b. Syahadat amung ono 95% soko Urip;
c. Sholat amung ono 5% ( limang persen ) soko Urip;
d. Poso amung ono seperapate soko Sholat;
e. Zakat amung ono sapertelone poso;
f. Haji amung ono separohne Zakat.
Ing
ngisor iki ono pituture leluhur menowo dedeg wajibe lan larangan kang
dumunung ono Rukun Islam kang kudu di Imani kacaritakake koyo ing
ngisor iki :
a. Syahadat : Anane Mahayu Hayuning Bawono cilike Keluarga, larangane Madon ;
b.
Sholat : Anetepi angen angen kang becik,’ ndedegi Pamikiran kang Agung
netepi anane Sastro Jendro Hayuningrat kanggo ngudi laku kang becik,
larangane Madat ;
c.
Poso : Kuoso nota Rasane Urip, maknane ngerti manowo Urip amung sadermo
nglakoni, yen wistiti wancine ora nggowo opo-opo, kabeh anane soko
panyuwunan kanggo nyukupi kebutuhan keluargane kang wujud soko
ngunggulake Drajat Urip keluargane, larangane Mabuk ;
d.
Zakat : Madep mantep marang kuasane Gusti anggone njogo Kanugrahaan lan
Rakhmat Pangeran marang barang Pribadi, anane ngluhurake Asmo larangane
Main;
e.
Haji : Tegen anggone mapakake Roso yo anane kumpule Urip Roso Pribadi
marang Kuasane Urip Pangerane, kuoso njogo arum gandane asmo ono
sajerone Urip, larangane Maling.
Yen
gelem ngudi kaluhurane Urip ing Alam Dunyo tumekane Alam Akhir koyo
unine ayat ”Robbanaa aatinaa fid dunyaa hasanataw wafil aakhiroti
hasanataw wa qinaa adzaaban naar” , kanti sabenere Manungso kudu
mangerteni, lan mapakake opo sabenere Kalimat Syahadat iku, yen ora
kaliru koyo kagambarake ing ngisor iki :
” Laa ilaaha illallahu Muhammadur Rasuulullah” ketemu anane :
1. HU mujudake anane Nur Illahi ;
2. Nur Illahi mujudake anane: a. Nur Muhammad,
b. Asma Alloh ono 99 Asmo lan Sifat Alloh ono 20 Sifat;
3.
Nur Muhammad, Asmo lan Sifat Alloh mujudake anane Alam Dunyo saisine,
yo anane Kitab AI Qur’an Nul Karim bebere wujud dadi Jagad Royo, sarine
Kitab Al Qur’an Nul Karim bebere wujud anane Surat Al Fatikah, Surat Al
Fatikah wujude makna dadi Badan Jasmani kito yo anane Jagad Dumadi,
kang samestine isine Jagad Royo iku podo lan memper karo isine Jagad
Dumadi yo anane Badan Jasad yo Badan Jasmani kito.
Ing
kono Manungso bakal nemahi anane Urip lan Pati, mangerteni sejatine
sopo kang Urip lan sopo kang Mati, biso kaematake koyo fig ngisor iki :
U r i p :
a.
Arahe nunggal nyawiji, anane Tauhit, wujude urip Ikhlas - Sabar, koyo
anane napas kito, gegambarane nafas wektu ono sajabane irung iku anane
HU, yen wis ono sajerone irung nganti tekan gulu iku anane Allah,
bareng ono sajerone dodo lan sateruse iku anane Urip kito soko
Kanugrahane Pangeran yo biso kasebut wenange Pangeran wus kanugrahake
dadi wenange Umat;
b.
Sampurnane margo soko ngabekti marang Kaluargane, ngerteni yen Manungso
ora biso wujud tanpo anane Bopo-Biyung kang kasebut Pangeran Katon,
wujude toto - tentrem kasembadan kabutuhane.
c.
Mulyane margo wus ketekan kekarepane, wujude biso nunggal marang Jatine
Urip soko netepi Pangangen - angene nunggal marang panyuwunan ketemu
keluhurane yo mapan ono sajerone Baitullah.
PAKUBUMI TANAH JOWO.
Ono
sawijine tetenger soko Pinisepuh kang ono Gunung Tidar, wujud Tenger
Pal pratelon mowo Sandi aksoro Jowo So kang kapendem saduwure Puncak
kasebut Paku Bumi Tanah Jowo, mowo aran Nyi Ratu Roro Mangli, aksoro
Jowo So mau ono 3 (te1u). aksara, yen ora keliru mowo maksud koyo ing
ngisor iki :
a.
Kang sapisan aksoro SO-l mowo maksud Sastro, kang wujud ono sajerone
bebere Ponang Jabang Bayi kang isih ono sajerone kandutan si Biyung iku
anane Sastro, yo kasebut Garis Panguripane si Jabang Bayi, anane Sastro
sajabane Garis Takdir lan Nasib.
b.
Kang kapindo aksoro SO-2 mowo maksud Sugih, kang mujudake anane dedege
Ratu Rumah Tangga yo Ibu Rumah Tangga unine Sugih, Sugih iku titi
wancine Panyuwunane si Biyung wektu ndedege isi kang kasebut
Purborangrang kanggo Anak Bojo lan Putune, biso nyukupi kabutuhane
kaluargane.
c.
Kang kaping telu aksoro SO-3 mowo maksud Sandi, kang wujud ono sajerone
lambe barange wong wadon, anarik rasane si kakung (lanang) kasebut
Sandi yo anane Wadi, asline wujud sake buah Quldi, awal anane Roso kang
biso mujudake anunggale Rasane Pangeran. Sandi yo Wadi iku Rasane
Pangeran kang dumunung ono Manungso, kudu biso nunggal misah Roso
Rasane Manungso kalawan Roso kang kasinungan Rasane Pangeran yo anane
Roso Rasane urip Manungso Sejati, njejegi anane Kawulo marang Gustine.
Tetengeran
mau kasebut aran Nyi Ratu Mangli, aran mau anane tembung sanepan kang
mowo maksud kurang luwih Ojo Pangling utowo Lali, manowo Urip sajatine
wis ono kang nota lan ngersakake, Manungso among sadermo anglakoni.
Sake tatanan mau kite bakal mangerteni awal anane Pangeran anggone mujudake Manungso, netepi :
A. Tatanan aksoro SO-1. koyo ing ngisor iki :
1.
Wektu Wiji sake Bopo lan Biyung ketemu ing keno Pangeran ngudunake
Wahyu Nungkat Gaib, yo anane Wiji Kang Samar, kang wujud sake Roso
Rasane Pangeran, wujude Wahyu Gaib mujudakake anane ROSO KANG AWAL sake
anane Manungso;
2.
Wiji mau banjur wujud setetes Getih yo anane Rah, ing keno Pangeran
ngudunake ROH, yen satemene yo ing wektu iku Pangeran nyiptakake anane
Bongso JIN, setetes Getih mau banjur wujud dadi segumpal Getih, ing
wektu iku anane Alame SETAN - IBLIS ;
3.
Soko segumpal Getih banjur wujud dadi Segumpal Daging, ing kono
Pangeran ngudunake NYOWO bebarengan mapakake anane Wahyu Doyo Gaib,
kang satemene Pangeran nyiptakake anane Bongso MALAIKAT ;
4.
Sabanjure segumpal Daging wujud gegambaran Bayi soko anane Pangeran
mujudakake “Sungging Purbangkoro” kang satemene soko anane Neptu Gaib
mujudake anane SASTRO, yen ing Kuno biso kasebut ” Sastro Jendro
Hayuningrat; Mahayu Hayu ning Bawono ” , yo anane Dino Pesti ;
5.
Gegambaran Bayi banjur wujud anane Bayi kang sampurno, ing kono
Pangeran mapakake anane ATMO yo anane Alame ASMO, Asmo kang wujud soko
anane LELUHURE ;
6.
Bayi lahir Sampurno, ing kono soko anane Wahyu Panguasane Gaib, yo
mudune Kanugrahaane Pangeran kang wujud Sukmo, yo anane Uripe si Bayi,
bayi banjur ngekarake derijine nuduhake yen Wahyu Neptu Gaib wus
nunggal nyawiji, ing kono asline Pangeran ngudunake Wahyu Nungkat Gaib
wus nunggal wujud ono sajerone badan saujude si jabang bayi, satemene
Wahyu Nungkat Gaib mau wujud soko anane Nur Muhammad, kang bakal wujud
dadi Nurcahyo yo Drajat Urip si Bayi.
Yen nurut gegambaran soko Surat Al Fatikah :
1.
Ayat 1, ayat 2 lan ayat 3 ing kono anane Sukmo-yo Urip nguripi Umate ;
soko Pujine Jagad Royo marang Pangeran kerso ngudunake Umate ing Alam
Dunyo, krona Welas - Asih kanggo netepi Kratonan Jagad Royo, Manungso
Kawenangake dadi kalifah ing Alam Dunyo, manowo sampurno Syahadate, bab
iki kang wenang amung Pangeran.
2. Ayat 4 fig kono satemene anane Jiwo, soko wujud nunggal nyawiji anane :
a. Atmo yo alame Asmo netepi leluhure wektu Urip.
b. Nyowo yo alame Tetanduran mujudake Rojo Kayon mapane Bebalungan.
c. Roh yo alame Kekewanan, mapan ono Rah - Getih, banjur sumrambah ono Badan Jasmani saujud mowo tandane Urip.
Nuduhake manowo soko Kersane Pangeran Manungso iku wewujudan soko nunggale :
a. Rah yo alame Kekewanan dadi Rajane Kekewanan.
b. Roh yo alame Jin-setan dadi Rajane Jin - Setan.
c. Nyowo alame Tetanduran dadi Rajane Rojo Kayon yo anane alame Malaikat.
d. Atmo yo alarne LeIuhur, wenang nyarnpumake; patine LeIuhure. Bab iki anane wenange Pangeran kawenangake dadi wenange Umate.
3.
Ayat 5, ayat 6, ayat 7 ing kono anane Roso kang awal yo Roso Rasane
Pangeran, kanggo mujudake Roso Rasane Manungso, yen antuk Makrifate Al
Fatikah bakal mujudake anane Roso Rasane Urip Manungso Sejati, margo
soko UIah-Laku Umat anggone netepi Urip ono ing Alam Dunyo, lan biso
mangerteni anane ke Dholiman ora nunggal marang Uripe, dadi wenange
Umat, kang satemene bebering Roso iku biso kapilah ono:
a. Roso kang awal yo Roso Rasane Pangeran, kang nuntun sawemane Roso.
b. Roso kang soko anane Alarn yo anane Roso Sejati - Sejatine Roso.
c. Roso kang soko anane Poncodriyo, yo anane Roso soko babahan Howo Songo.
d. Roso Kang soko anane Sifat Aluarnah, Mutmainah, Amarah, Supiyah.
e. Roso soko Alam, Poncodriyo Ian Sifat yen kakumpulake banjur biso wujud dadi Roso Rumongso.
f. Kabeh Roso mau yen biso katunggalake nyawiji banjur wujud dadi Roso Rasane Urip Manungso Sejati.
B. Tatanan Aksoro SO-2 koyo ing ngisor iki :
Kang
dimaksud Sugih, ing kene netepi anane Uripe Manungso kang wis biso
mapakake Janjine Pangeran yo anane Urip Jejodohan, Sarnpumo mapakake
Rasane Urip yo mekare ( makrifat ) Syahadate, bakal nemahi Kamulyane
Urip yo anane soko bekti marang Wongtuwo sakloron, Morotuwo sakloron
wujud dadi anane Pepuden ing lumrahe kasebut Punden Kang samestine ing
wektu iku anane Pangeran mujudake dedeg piadege Wahyu Purbojati, Wahyu
Purborangrang, Wahyu Purbosari.
a. Wahyu Purbojati anane wektu si kakung mujudake dedeg piadeg dadi Kepala KeIuarga.
b. Wahyu Purborangrang anane wektu si isteri mujudake dedeg piadeg dadi Ratu Rumah Tangga.
c. Wahyu Purbosari wujud soko panyuwunan si Kakung lan isteri marang
Pangerane mujudake anane anak lan dunyo brono, kang satemene ono mudune
Wahyu Jodoh, Wahyu Drajat, Wahyu Rejeki kang kasebut anane Wahyu
Dorodasih.
C. Tatanan aksoro SO-3 koyo ing ngisor iki :
Kang
dimaksud Sandi utowo Wadi iku satemene dedeg piadege ROSO netepi ono
Rasane Pangeran, anane Wiji Kang Samar yo Wahyu Nungkat Gaib, mapane
ono sajerone Lambe Barange Wong Wadon krona anane buah Quldi, awal
anane kedholirnan, kamongko sapo bae yen netepi Among Nunggal Roso (
Senggomo ) yen ora kaawali sake anane Syahadat ing keno iku kalebu laku
DHOLIM, kadadeyane bakal anane rusake Jagad Royo, yen kabeh podo ora
ngerti maknane Syahadat (isine Jodoh) ono Uripe bakal anane Kiamat.
Satemene
Sandi lan Wadi mau ono soko Lakune Pangeran, kang Nglakoni Umate, ning
ora kabeh laku Among Nunggal Roso kedunungan Sandi lan Wadi, yen
kajarwakake mowo maksud Among Nunggal Roso iku satemene laku ono
sajerone Sifat Dholim kang samar.
I. DINO LAN PASARAN
Iki
tatanan kang nuduhake arahe Urip kang kawoco sake anane Dino lan
Pasaran, kang kawoco soko anane tatanan Neptu Go’ib ono ing Dino :
1. Jum’at Wage = Jowo,
2. Ahad Lagi = Allah,
3. Seloso Pen = Sapo, koyo kasebut ing ngisor iki:
I. Jum’at Wage= Jumat : huruf awal Jo =- neptune = 6
Neptu = 10 = Wage : hurul awal Wo - neptune = 4
Yen
huruf awal kajumbuhake muni Jowo, kang mowo maksud hakekate Urip, yo
maknane Urip, dadi kang dimaksud Jowo iku yo manungso kang ngerteni
Sejatine Urip ing Alam Dunyo, ngerti anane Islam yo Slamete Urip ono
ing Alam Dunyo yen ora kaliru ngerti bebere Kitab Layang Kalimosodo yo
anane Syahadat kang turun ono Tanah Jowo dadi tuntunan anane serat
Sastro Jendro Hayuningrat, Mahayu Hayuning Bawono, yo tuntunan Urip
marang Perilaku kang nuduhake anane Hak lan Wajibe Urip, dadi kang
kamaksud Jowo ing kene dudu Pawongan Kang lahir ono ing tanah Jowo
utowo Suku Jowo.
Jumat
Wage, Ahad Legi, Seloso Pen kabeh Neptune yen kagunggung ono neptu 10
anuduhake anane kabeh kang wis Kaciptakake dene Pangeran ing Alam Dunyo
iki yen kagunggung nurut kasatuanne yo among ono 10 macem koyo kasebut
ing ngisor iki :
1. Lemah / tanah 6. Tetanduran
2. Banyu 7. Kekewanan
3. Geni 8. Jin, Setan, Iblis, lelembut
4. Angin 9. Malaikat
5. Watu/Bebatuan ( Wesi, emas, 10. Pawongan (Wong, Tiyang, Manungso)
Yen
Jum’at neptu 6 ing kono anane soko rukun Iman, yo biso kasebut soko
anane wadah, dadi Dino iku mujudake wadah, lan yen Wage neptu 4 ing
kono anane sedulur 4, yo anane isi, dadi Pasaran mujudake isi.
Kaumpakake Wadah iku Jasad, isi iku Rogo, ing kono iku ketemu :
- Wadah = Jasad anane Badan Kasar - Jagad Royo - Kitab AI Qur’an
- Isi = Rogo anane Badan Alus - Jagad Dumadi - AI Fatikah.
Manowo
kawoco soko gebyar lan gumelare Jagad salumrahe, ing kono ketemu anane
dedeg piadege Wahyune Kaluarga kang dadi isine wujud Wahyu Purbo Jati,
Wahyu Purbo Rangrang mujudake anane Wahyu Purbo Sari, kang nyoto wujud
soko isine Neptu 6 ono ing Dino Jum’at wujud dadi :
1. Kemanten sakloron = 2
2. Wongtuo sakloron = 2
3. Morotuo sakloron = 2, yen kagunggung kabeh ono 6.
yen ing Pasaran Wage wujud soko anane
1. Sandang - pangan.
2. Papan - Pomahan.
3. Anak, Dunyobrono.
4. Luhure Kaluarga, yo isine Keluarga Sakinah “ma Warda wa Rohma yo anane Drajat Dunyo – Akhirat.
Yo ing isine dino Jum’at Wage iki awal bebere Kalimah Syahadat awal dedeg ¬adage Islam ono sajroning Ati - Nurani Manlingso.
Yen
Jum’at neptu 6 ing kono anane rukun Iman, lan yen Wage neptu 4 ing kono
ugo biso kagambarake cagak 4 utowo awal anane anasir 4 perkoro yo anane
Bumi, Banyu, Geni lan Angin, anane Manungso manembah marang Pangerane
soko Percoyo - Yakin - Iman marang Rukun Iman :
1. Allah, ono anane, kabeh wujud soko Kekarepan - Kehendak kang Nyoto Tulisane.
2. Kitab, a. ganng : a. Kitab Jabur - Nabi Daud as.
b. Kitab Taurot - Nabi Musa as.
c. Kitab Injil - Nabi Isa as.
d. Kitab Alqur’an - Nabi Muhammad saw.
b. teles : a. Garis Takdir, katulis among sepisan ora kaambalan maneh.
b. Garis Nasib katuIis soko Tindak Laku, Pakaryan lan obah - musike Kekarepan Urip Manungso.
3. Nabi Lan Rasul
4. MaIaikat, Jin - setan
5. Kiamat, Hari Akhir
6. Qodlo - Qadar, anane Takdir -Nasib wujude hukum Sebab - Akibat.
Cagak 4 wujud soko Anasir awaI, yoiku Lemah/Tanah, Banyu, Geni lan Angin kang nuwuhake anane :
a. LemahjTanah netepi Sifat Aluamah, anane Sabar - Narimo, wujud uripe soko kagowo Serakah
b. Banyu netepi Sifat Mutmainah, anane Adil, timbang Pamikirane, wujud uripe soko kagowo Iri – Drengki.
c. Geni netepi Sifat Amarah, anane Perkoso, anduweni Doyo - kekuatan, wujud uripe soko kagowo Murko – Nesu.
d. Angin netepi Sifat Supiyah, anane Adek Pribadi - Mandiri, wujud uripe soko kagowo Sombong – Angkuh.
Kaumpamakake
Iman iku Kusir, Cagak 4 (papat) iku Jaran 4 (papat), kang playune nurut
kekarepane dewe-dewe, sing kelir ireng playune ngalor tok, sing kelir
putih playune ngetan tok, sing kelir abang playune ngidul tok, sing
kelir kuning playune ngulon tok, Bendi-ne wujud soko anane Badan,
Playune wujud soko Ragane tujuane netepi anane kekarepan.
Dino
Jum’at dadi dino kekeran poro Nabi - WaIi, nyoto soko anane Sholat
sunat Jum’at, ing kono margo soko Kanugrahane Pangeran Kang Moho Agung,
kanggo Umate supoyo gelem Eling marang anane Tatanan Urip Bebrayan ing
Alam Dunyo.
II. Ahad Legi : Ahad : huruf awal A - Neptune = 5
Neptu 10 : Legi : huruf awal LA - Neptune = 5
Yen
huruf awal kajumbuhake muni Allah yo anane Pangeran, manungso wajib
ngawruhi sopo sejatine Pangerane, ing dino Ahad Legi iki anane awal
mbukak kawruh kang wis kasebut ono sajrone wawasan Ahad Legi.
Ahad neptu 5 gegambaran soko sedulur Papat ke Limo Pancer, wujud nunggal dadi Badan Kasar, kasebut njobo.
Legi Neptu 5, ono anane njero yo Badan Alus wujud soko anane :
- Roso : soko Sifat Aluamah, Mutmainah, Arnarah, Supiyah, lsp.
- Roh : soko manunggale Uripe Kekewanan.
- Nyowo : soko manunggale Uripe Kekayonan yo Tetanduran.
- Atmo : soko Gondo Arum Asmane ( sampurnane Budi - Luhur / Ahlak yang terpuji Umat ) alame Asmo Leluhure.
- Sukmo : soko Kanugrahane Pangeran.
Ing ngisor iki satemene anane tatanan Roso kang dumunung ono sajrorie Badan saujude Manungso :
A. Roso : 1. Rasana Pangerane.
2. Roso Sejati yo Sejatine Roso, Roso kang wujud soko manunggale Roso
Rasane Jagad Dumadi marang Roso Rasane Jagad Royo koyo to:
a. Uyah iku asin, asin durung mesti anane uyah,
b. Gulo iku legi, Legi durung mesti anane gulo,
c. Asem iku kecut, kecut durung mesti anane asem.
3. Roso Poncodriyo
a. Pangroso /Pangucap,
b. Panggondo,
c. Pandulu, d. Pangrungu,
e. Pangrobo.
4. Roso kang wujud soko anane manunggale Roso Sifat Aluamah, Mutmainah, Amarah, Supiyah.
5. Rasane Umat yo anane Roso Rumongso kang wujud soko kemampuane Umat
anggone nunggalake Roso Rasane Pangeran, Roso Poncodriyo, Roso Sejati -
Sejatine Roso, Roso soko anane Sifat Aluamah, Mutmainah, Amarah,
Supiyah wujud nunggal ono ing anane Laku yo anane Tingkah Laku Budi
Howo saben dinane kang bakal mujudake anane Akhlak kang minulyo.
6. Roso Rasane Urip Manungso Sejati, wujud soko nunggal nyawiji anane sakabehe Roso kang kasebut ing duwur mau.
Soko
kawruh kang wis kabeber ing duwur, kito biso anglakoni nunggalake
Rasane Umat wujud nunggal marang Rasane Pangeran sake wujud jumbuhe
angen-angen lan nunggale kekarepan.
A.
Roh : Roh iku Uripe Kekewanan kang nunggal marang Badan saujude
Manungso, ananne Kanugrahan soko Pangeran kanggo netepi Serat Sastro
Jendro Hayuningrat, Mahayu Hayu Ning Bawono.
B. Nyowo : Nyowo anane
Uripe Tetukulan / Tetanduran kang nunggal marang Badan saujude
Manungso, anane Kanugrahan sake Pangeran kanggo netepi wajib mapakake
Serat Sastro Jendro Hayu Ningrat, Mahayu Hayu ning Bawono.
C. Atmo
: Atmo iku Alame Asmo, wujud nunggal marang Manungso sake Dino
kalahirane lan tetengeran yo Jeneng yo Aran kang sinebut sake
Wongtuwane, kang kudu rinekso Manungsane supoyo biso anggondo Arum.
D. Sukmo : Sukmo yo anane tetengeran soko Pangerane kanggo papan nunggale Kawulo Gustine.
Soko
katerangan ing duwur mall manungso biso njupuk Hak sake Pangeran yen
manungso mau wis biso nglakoni kang dadi wajibe, yo soko wis biso
anglakoni anane Mahayu Hayuning Bawono.
Roh
iku Uripe Kekewanan kang nunggal marang Badan saujude Manungso, anane
Kanugrahan sake Pangeran kanggo netepi wajib mapakake Serat Sastro
Jendro Hayu Ningrat, Mahayu Hayu ning Bawono.
Ahad Legi yo biso kawoco A iku anane Ho lan Le iku anane La koyo kasebut ing ngisor iki :
- A – Aku : Aku anane Pangeran, kang mengku anane Kitab Serat Layang Kalimosodo,
- La – Laku : Laku, lakune Manungso ono sajrone bebering Kitab Serat Layang Kalimosodo,
Pangeran kang mengku Karep nunggal marang Kekarepanne Manungso mujudake gegayuhan kang kinarepake manungsane.
Kang
biso nunggalake lan ngerteni wektu Badan Kasar nunggal marang Badan
Alus kudu biso netepi anane Wahyu Trias Wiji yoiku sake :
a. Tekun, anane nota nafase,
b. Temen, anane tingkah lakune,
c. Teliti, marang satindak - laku lan obah musike kahanan,
d. Awas, marang anane Gudo - Cuba - Pengaruh - Gangguan,
e. Sabar, marang sepapadane Urip.
Bakal biso ketemu marang Alam Kelanggengane yo Mulyane Urip ing tembe.
III. Seloso Pon : Seloso : huruf awal So - Neptune = 3
Neptu 10 : Pon : huruf awal Po - Neptune = 7
Yen
huruf awal kajumbuhake unine Sapo, ing kene mowo maksud Manungso wajib
ngawruhi sapo Sejatine Pangerane lan sapo Sejatine Manungso, opo
kekarepanane Pangeran kanti sake Kanugrahane Manungso mudun Urip ing
Alam Dunyo, opo kang dadi Hak-e Manungso ing Alam Dunyo lan opo kang
dadi Kewajibane Urip ing Alam Dunyo.
Sejatine Pangeran lan Sejatine Manungso yen ora kaliru kasebut koyo ing ngisor iki:
- Dzat-e Hu ayang-ayangane wujud dadi Dzat-e Alloh yo kasebut Dzat-e Pangeran.
- Dzat-e Alloh yo kasebut Dzat-e Pangeran, ayang-ayangane wujud dadi Nur Muhamnlad yo kasebut Wahyu I Sukmane Jagad Royo.
- Nur
Muhammad yo kasebut Wahyu / Sukmane Jagad Royo, ayang-ayangane wujud
nunggal dadi Jasad, sake Kanugrahane Pangeran dadi Badan saujud-e
Manungso.
Koyo
wektu Pangeran nyipto anane Kanjeng Nabi Adam as., sake ruwet
¬krenteg-e Urip, Pangeran nyipto anane Ibu Howo kanggo netepi Sampumane
Urip Manungso, sake Sampurnane Urip Manungso kanggo netepi Gumelare
Urip, Kanjeng Nabi Adam as. lan Ibu Howo kaudunake ono ing Alam Padang
yo anane Alam Dunyo soko Kanugrahane Pangeran.
Soko kaweruh ing duwur, ing keno ono anane sarine Gumelare Drip kang awal koyo ing ngisor iki :
1.
Hu netepi anane Alloh, banjur Nur Muhammad netepi isine Jagad Royo,
banjur anane Manungso. Ing keno ketemu anane ongko 3, kang dadi Neptune
Dino Seloso, yo anane Wadah Panyuwunan.
2. Netepi anane Gumelare
Urip ing Alam Dunyo turun remuntun ketemu anane, Cukul - Ngendok -
Manak, ing kene ketemu ugo anane ongko 3, kang dadi Neptune Dino Seloso.
Satemene
Pangeran ora anduweni Karep opo - opo sake anane Manungso, amung ing
keno ono anane Geter-e Urip, kang katuntun sake anane Serat Layang
Kalimosodo, Kanugrahane Pangeran kanggo adeg - dedeg Urip Bebrayan ing
Alam Dunyo, netepi Gumelare Urip Manungso.
Soko
Geter-e Urip lan anane Serat Layang Kalimosodo, ing keno wis wujud
anane Hak kang ono anane soko lakune Urip Manungso, katuntunake sake
Kanugrahane Pangeran ono ing :
1.
Serat Al Fatikah, satemene wujud Pasemon sake Lakune Urip Manungso,
“kanggo netepi Urip Bebrayan ing Alam Dunyo, netepi Wajib-e Urip koyo
ing Serat Sastro Jendro Hayu Ninggrat, Mahayu Hayu ning Bawovo, kang
utomo Tapak Laku yo obah - mosike Budi - Howo ono ayat ” Ihdinash
shirothol mustaqim ” lan ” Ghairil magdhuubi ‘alaihim wa ladhdhaalliin
“, ing Serat Al Fatikah iki ketemu anane ongko 7, soko anane ayat Serat
Al Fatikah kang dadi Neptune Pasaran Pon yo ono ongko 7, netepi wujud
isine Urip yo Drajat-e Urip ing ngarsane Pangerane.
2.
Do’a Sapu Jagad ” Robbanaa aatinaa fid dun-yaa hasanataw wa fil
aakhiroti hasanataw wa qinaa ‘adzaaban naar ” ing kene soko isine
maksud dadi arahe Urip Manungso ing ngarsane Pangeran, Slamet Dunyo -
Slamet Akhirat, soko anane Slamet Akhirat ono ongko 7 kang nyebutake
anane Swargo lapis 7 Neroko lapis 7. ongko 7 dadi isine neptu Pasaran
Pon, yo anane arahe isine Urip.
Soko anane kawruh ing duwur, kang nerangake anane Urip lan Pati, nerangake anane Tatanan Slamet yo anane Tatanan Islam.
M a t i
a. Papane Ikhlas, ketemu Lego - legowo.
b. Sampurnane ono 5 perkoro :
1. Sing mati Poncodriyo.
2. Kang teko Pesti.
3. Kang lunggo Sukmo.
4. Kang bali Jasad/Badan/Dzat.
5. Kang ditinggal Asmo.
c. Sesebutane iku ono 4 perkoro :
1. Mati manyasar.
2. Mati manyusup.
3. Mati manitis.
4. Mati manatas.
Anane
gegambaran mau biso kawoco manowo Pangeran anggone nyipto Manungso ora
sadermo ” Kun fayakun “, mbutuhake wektu yo anane Neptu kang jlimet
koyo Kersane, amarga Manungso kadadekake Kholifah / Pemimpin ing Alam
Dunyo, sapo kang kliru anggone nemtokake anane Urip yo ketemu ke1iru
anggone mbalik marang asale.
Koyo salah sijine carito kang keno kaematake ono ing ngisor iki :
Wektu Kanjeng Nabi Muhammad saw ono sajroning Mi’raj, Pangeran
ngandikan soko walike Tirai / tabir,. Tirai / tabir iku anane soko asta
/ tangan sak kloron, sak temene kang kasebut Tirai / tabir iku sajatine
yo anane Kalimah Syahadat yo Kitab Layang Kalimosodo, dunung ono
epek-epek tangan kiwo lan tengen, nulis pakaryane, sarto epek-epek suku
/ sikil kiwo- tengen kanggo nulis tingkah-laku kang katindakake saben
dino, supoyo kito Urip ono sajeroning Alam Dunyo iki biso tansah
waspodo tan ngati-ati, koyo kang kasebut ing ngisor iki :
1.
Ati-ati ojo gumampang ndedegi urip ing Alam Dunyo ( Marcopodo - ono
tengah), amarga anane urip ing clam dunyo kudu biso njejegi sifat adil,
kuwoso ngatur urip pribadi soko bebering Kalimah Syahadat yo Kitab
Layang Kalimosodo, supoyo ora gampang keblidru marang samubarang kang
durung mesti anane, amarga Kalimah Syahadat yo Kitab Layang Kalimosodo
iku sejatine Tulisan Takdir kito kang wus dikersakake netepi Kamulyane
Drip, yen Tulisan Nasib amarga soko kito mburu Nepsu lan keblidru
marang samubarang kang durung mesti anane amarga kurang Imane.
2.
Kang katoto ono tengah sajatine dedeg bebering Kitab Layang Kalimosodo,
yo anane Kahanan Drip kito Pribadi ono lakune Urip, lakune Urip
nunggalake anane Jagat Royo marang Jagat Dumadi sampurno wujud sajerone
ono anane Alam Kelanggengan .
3.
Amargo anane Urip iku kudu mangerteni Dedeg Urip Pridadi marang Dedeg
Uripe Kaluargo kaembanake marang Wujud Gumebyar gelar Cahyone Urip, yo
anane Kawibawan kito Pribadi
4.
Urip Pribadi mangerteni sapo sing njaluk mangan-ngombe, ono kadedayan
ope sajrone mangan lan ngombe, sarto wujud ngrungkepi rage dapi ope ?
a.
Sing njaluk mangan lan ngombe iku anane Aluamah sifate Bumi, kudu biso
rumekso Uripe, anane wujud kuoso nyukulake wiji kekarepan lan biso
nyukupiopo kang dadi isine pangangen - angen sarto mujudake ono anane
Gumelare Urip, mapake anane Sifat Gusti Kang Moho Suci kang asifat
Jalal, yo dedege Gusti Kang Moho Agung, kuoso ngayomi Urip Pribadi,
Urip Kaluargane.
b.
Sing mangan lan ngombe iku anane Mutmainah sifate Banyu, kudu biso
ndedegi kuwasane Gusti Kang Moho Adil, ora gampang kasemsem marang
ka¬indahane Jagat Royo, ora melik marang barang kang durung mesti Hak
anane, mapakake Sifat Gusti Kang Moho Suci kang asifat Jamal, mumpuni
gawe ka-¬Elokane Jagat, kuoso note anane wujud sarine pangangen - angen
biso gumebyar sanaliko, netepi sampurnane Rogo Sejati kanggo nyukupi
kabutuhan Kaluargane.
c.
Sajroning mangan lan ngombe ono kadadeyan sake anane Amarah sifate
Geni, sajrone urip kudu biso mapakake Santosane Urip, ora ambeg siyo
marang liyan, biso dadi panunggule bebrayan, yo anane Sifat Gusti Kang
Moho Suci kang asifat Kahar, mumpuni ing gawe mujudake ka-Wisesane
Gelare Urip Pribadi kito marang ka-Santosane Urip Kaluargo.
d.
Sajroning mangan lan ngombe ono wewujudan sake anane Supiyah sifate
Angin, sajroning urip kudu biso mapakake dedeg urip pribadi kito kang
unggul ing drajat, ora gampang keno owah gingsir ono sajrone gelare
urip yo obah ¬musike jaman, yo anane Sifat Gusti Kang Moho Suci kang
asifat Kamal, biso dadi Pepujine Urip ing Jagat Royo soko anggone biso
Sampurno note Urip Kaluargane lan Urip Pribadi kito ono ing bebere
Kitab Layang Kalimosodo.
e.
Kumpule ope kang dipangan lan diombe mapakake anane Gondo, sumrambah
ono sajrone Rogo nguripi anane Doyo - Roso, mujudake anane nungale
niyat ono sajrone angen - angen ngrungkepi mantepe karep, biso wujud
gumelar keturutan kang dadi panyuwunane, unggul drajat uripe. Ojo
nganti keliru utowo kasemsem marang gumebyare ka-Elokane kekarepan, ben
biso Mulyo Urip ing Dunyo Akhirate.
Ojo
nganti kasemsem marang ka-Indahane wewujudan kang Elo,k asal soko
Aluamah, Mutmainah, Amarah tan Supiyah ben ora keduwung ing tembe
mburi. Sajatine mangan lan ngombe iku wewujudan awal nunggalake anane
Jagat Royo marang Jagad Dumadi supoyo biso karoso Panguasane Jagad Royo
ono sajrone Rogo, menowo teller kudu kalarasake marang Nafas netepi
anane Geter, Gerak, Pangucap, lan Pangawasane Urip Pribadi kito nunggal
nyawiji ono sajrone Urip Sejati.
A. Nafas ono ing (tanpo eling)
- Wadug : Uripe Bumi, nguripi Aluamah anane Serakah.
- Ginjel : Uripe Banyu, nguripi mutmainah anane Iri drengki.
- Paru paru : Uripe Angin, nguripi Supiyah anane Sombong jumawa.
- Jantung : Uripe Geni nguripi Amarah anane Sereng murko.
- Ati : Uripe Watu, nguripi kang ngaku Jati Diri anane Pengkuh kaku .
B. Nafas lungguh mapan ing ( eling )
- Wadug : Netepi eneng- ening mujudake sifat Dermo Sabar.
- Ginjel : Netepi eneng-ening mujudake sifat Samudono sembarang gawe biso.
- Paru paru : Netepi eneng-ening mujudake sifat Mengku Drip, Ngayomi.
- Jantung : Netepi eneng-ening mujudake sifat Wiseso, Santoso Uripe.
- Ati : Netepi eneng-ening mujudake sifat Kuoso, Sampurno nota Uripe.
Alang Alang Kumitir